Kamis, 19 November 2009

Dina rebo wing jan dina nyenengke kanggone guru-guru Bsa Jawa kang kagabung ana ing MGMP BAJA SMA, SMK, lan MA Blora.
kanca-kanca padha latihan nabuh gamelan
isa nabuh GANGSARAN bae senenge setengah mati
wis jan .................

Minggu, 15 November 2009

LOMBA MACA CERKAK
KANGGO MENGETI “BULAN BAHASA” 2009
KABUPATEN BLORA

Mapan ana ing Joglo Padma Widya SMA 2 Blora, ing tanggal 11 November 2009 diadani acara kanggo ngisi pengetan “Bulan Bahasa” 2009 Kabupaten Blora. Acara kang kagelar yaiku Lomba Maca Cerkak Kanggo Para Siswa SMA, SMK, lan MA sa-Kabupaten Blora.
Sejatine acara kang kagelar iku arep diadani ana ing Kompleks Perkantoran Dinas Pendidikan Kabupaten Blora, amarga kang ngadani Dinas Pendidikan Kabupaten Blora, nanging amarga ing dina kang padha, panggonan ana ing Dinas Pendidikan Kabupaten Blora wis kebak kanggo acara liyane, banjur acara Lomba Maca Cerkak Kanggo Para Siswa SMA, SMK, lan MA sa-Kabupaten Blora kanggo Mengeti Bulan Bahasa kagelar ana ing SMA 2 Blora.
Panggonan kang arupa omah joglo kuwi, wiwt jam pitu esuk wis dikebaki dening para peserta kang asale saka maneka SMA, MA, lan SMK sa-Kabupaten Blora. Para peserta kang sadurunge wis ndaftar ana ing Bagian Kesiswaan Dinas Pendidikan Blora banjur padha dhaftar ulang ing ngarep joglo.
Watara tabuh setengah sanga esuk, acara pambukaning lomba diwiwiti. Ana ing acara iki kang mbukak acara perlombaan yaiku Bapak Teguh Sutrisno, M.Pd. (Kepala SMA 2 Blora lan uga Ketua MKKS SMA Kabupaten Blora).
Sakwise acara pambuka iki purna, banjur dibacutake acara inti kang arupa lomba (adu wasis) maca cerkak. Maneka warna cara lan panganggo kang digunakake para peserta kanggo milut dewan juri.
Watara tabuh setengah papat sore, saka cacah 51 peserta bisa nuntasake anggone padha maca cerkak. Lan asiling Lomba Maca Cerkak Kanggo Para Siswa SMA, SMK, lan MA sa-Kabupaten Blora kanggo Mengeti Bulan Bahasa, yaiku : Juara 1 Wahyu Dara Nita Sari (SMA 2 Blora), Juara 2 Futria Nugraheni (SMA 1 Cep), Juara 3 Nadia Khotimatul Husna (SMA 1 Randublatung), Juara harapan 1 Ridho Wicaksono (SMA 1 Jepon), Juara harapan 2 Khairunisa N.N (SMA 2 Blora), Juara harapan 3 Septia Ulfa S. (SMA 1 Blora).
LOMBA SESORAH TATARAN GURU BASA JAWA
SMA, SMK, LAN MA KABUPATEN BLORA
Kanggo ngregengake Pengetan Bulan Bahasa Kabupaten Blora, Dinas Pendidikan Kabupaten Blora nggelar maneka warna lomba. Lomba kang gelar kuwi ora ngemungake lomba kanggo para siswa, nanging uga ana sawijining lomba kang katujokake kanggo para dwija. Utamane para dwija basa jawa SMA, SMK, lan MA ing laladan Kabupaten Blora.
Maneka lomba kang diadani kanggo para siswa SMA, SMK, lan MA, yaiku: Lomba Pidhato Basa Indonesia, Lomba Debat Bahasa Indhonesia, Lomba Debat Bahasa Inggris, lan Lomba Maca Cerkak.
Dene lomba kang kagelar kanggo para dwija yaiku Lomba Sesorah (Pidhato Basa Jawa) tataran Guru Basa Jawa SMA, SMK, lan MA ing laladan Kabupaten Blora
Mligi acara Lomba Sesorah kanggo para dwija Basa Jawa SMA, SMK, lan MA diaanakake ing dina Kemis, tanggal 12 November 2009, manggon ana ing Pendhapa Kabupaten Blora (Saklore Alun-Alun Blora). Acara kabuka dening Bapak gunadi minangka Asisten 1 Bupati Blora.
Cacah 41 dwija Basa Jawa SMA, SMK, lan MA ing laladan Kabupaten Blora melu ngregengake acara iki. Maneka tema diandharake dening para peserta (panitiya ora nemtokake tema). Para peserta uga ngagem ageman kang maneka warna. Ana kang ngagem ageman kejawen, bathik lan hem kanthi ngagem dhasi.
Sakwise siji baka siji para peserta padha maju ngandharake sesorahe, watara tabuh setengah papat dewan juri ngumumake asiling lomba.
Asiling Perlombaan Sesorah (Pidhato Basa Jawa) tataran Guru Basa Jawa SMA, SMK, lan MA ing laladan Kabupaten Blora, yaiku:
Juara 1 : Bapak Suparna, dwija saka SMA Randublatung
Juara 2 : Bapak Puryadi, dwija saka SMK Alhikmah Ngadipurwa Blora
Juara 3 : Bapak Pujianto, dwija saka SMA 2 Blora
Juara 4 : Ibu Yulia, dwija saka SMA 1 Blora
Juara 5 : Bapak Sinar Indra dwija saka SMA Tunjungan