Jumat, 06 Maret 2009

Guritan Prasaja

Pupusing Laku
Ciput Bagusworo

Tak pecaki dalan iki
Nglilang
Ngliling
Nglilang-ngliling
Aku dhewe tanpa rowang

Tak pecaki dalan iki
Dalan tanpa teja
Tanpa swara
Tanpa jalma

Suwe anggonku lumaku
Kok during ketemu kang tinuju

Tak pecaki dalan iki
Tak ambali
Tak baleni

Nanging amung pupus kang tinemu
Tanpa guna

Nadyan wis tak coba
Ngubengi bumi
Mideri jagat

Aku kaya wong kang sekarat

Tak pecaki dalan iki
Dhewe tanpa rowang


Bumi tunjungan purwa warsa 2009





Bukti Sejati
Ciput Bagusworo

Ora …
Ora ana kang bisa
Nadyan sektine ra mekakat
Ibarat kaya bisa njaring langit

Ora…
Ora ana kang kuwawa
Nadyan duwea rangkep nyawa
Ibarat duwe pancasona

Nanging yen kabeh wis kinersa
Ora ana kang bisa nggawa
Apa maneh menggak

Iki minangka bukti
Bukti kang ora mung janji
Nanging bukti sejati

Yen wis pesthi
Apa wae bakal dumadi

Dumadi tanpa kendhali

Ora…
Ora ana kang kuwawa
Nadyan duwea rangkep nyawa
Ibarat duwe pancasona

Bumi tunjungan purwa warsa 2009

Kamis, 05 Maret 2009

PENGETAN HARI BAHASA IBU INTERNASIONAL


Esuk kuwi (Rabu Wage, 25 Februari 2009) kira-kira tabuh 07.00 WIB, ing plataran UPTD Kantor Perpustakaan dan Arsip Daerah Kabupaten Blora wis akeh para siswa SMA, SMK, lan MA sa-kabupaten Blora kang padha antri saperlu daftar ulang lomba maca cerkak, maca geguritan lan sesorah basa jawa tataran SMA Sa-Kabupaten Blora.
Acara iki kagelar dening Musyawarah Guru Mata Pelajaran Bahasa Jawa SMA, SMK, lan MA Kabupaten Blora lan disengkuyung dening UPTD KPAD Kabupaten Blora. Adu trampil para siswa maca cerkak, maca geguritan lan sesorah Basa Jawa iki minangka salah sijine cara kanggo mengeti “Hari Bahasa Ibu Internasional 2009”
Ora ngira babarpisan menawa acara kang mbokmenawa kaanggep kuna iki jebul entuk kawigaten kang becik banget saka sakehing sekolah SMA, SMK, lan SMA kang ana ing Blora. Saka target 100 peserta lomba, jebul sing ndaftar nganti ngancik angka 140 peserta; kang dumadi saka: 62 peserta lomba geguritan, 45 peserta lomba maca cerkak, lan 38 peserta lomba sesorah basa jawa.
Minangka wiwitane acara, dianakake acara pembukaan kang dirawuhi dening Bapak Haryadi, MPd. minangka Kepala Sub Dinas Pendidikan Menengah Dinas Pendidikan Kabupaten Blora, Bapak Joko Santosa, M.P.d minangka pendamping MGMP Bahasa Jawa SMA, SMK, lan MA kabupaten Blora lan Bapak Yusuf Fitri minangka perwakilan saka UPTD KPAD Kabupaten Blora.
Sakbubare acara pembukaan banjur dibacutake tetandhingan adu trampil maca geguritan, maca cerkak lan sesorah basa jawa.
Maneka warna panganggone para peserta lomba ndadekake acara lomba dadi regeng; ana kang nganggo beskap, blangkon, iket lan uga ana kang nganggo jas, lan liya-liyane.
Watara tabuh 3 awan acara lomba katutup kanthi asil kang nyenengake, amarga para juara ora mung saka saksekolahan thok, nanging sumebar ing sakehing sekolah kang ana ing laladan Kabupaten Blora. Dene asiling lomba kaya mangkene:
Maca Cerkak: Juara 1 Faridha Nur Santi. (SMAN I Tunjungan Blora), Juara 2 Dionisius (SMAN I Tunjungan Blora), Juara 3 Teriana Widya Nurindah (SMAN 1 Blora), Juara Harapan 1 Gusti Ratu Ayu (SMA PGRI 1 Blora), Juara Harapan 2 Nurul Chomairah (SMK Maarif Blora), lan Juara Harapan 3 Udin Masheru (SMKN 1 (STM) Blora).
Maca Geguritan Putri : Juara 1 Dewi Liana Gira Wati (SMAN I Blora), Juara 2 Liana (SMAN I Randublatung Blora), Juara 3 Yulinda Cahyaningsih (SMKN 2 (SMEA) Blora), Juara Harapan 1 Reni Maharani (SMK Migas Cepu Blora), Juara Harapan 2 Elmi (SMK Katolik Randublatung Blora), lan Juara Harapan 3 Umiyatun (SMKN 2 (SMEA) Blora).
Maca Geguritan Putra: Juara 1 Edwin Afif Anafi (SMKN 1 (STM) Blora), Juara 2 Dalil Sri Leksono (SMK Migas Cepu Blora), Juara 3 Rahmad Hadi Sucipto (SMA Muhammadiyah 1 Blora), Juara Harapan 1 Suharyanto (SMAN Jepon Blora), Juara Harapan 2 Eko Prasetyo (SMAN 1 Tunjungan Blora), lan Juara Harapan 3 Agustri (SMK Katolik Randublatung Blora)
Sesorah Basa Jawa: Juara 1 Yudi Prasetyo (SMKN 1 (STM) Blora), Juara 2 Fitria Nugrahaeni (SMAN I Cepu Blora), Juara 3 Ika Fitriani (SMAN Jepon Blora), Juara Harapan 1 Puji Rahayu (SMKN 2 (SMEA) Blora), Juara Harapan 2 Siti Nurhidayah (SMAN 1 Tunjungan Blora), lan Juara Harapan 3 Priyanto (SMAN 1 Tunjungan Blora).
Dening Pantia, para juara 1 tekan 3 pinaringan piala awujud tropy lan piagam penghargaan, dene juara harapan 1 nganti harapan 3 pinaringan piagam penghargaan.
Muga-muga tahun ngarep acara kang minangka ajang kanggo nguri-uri basa lan budaya jawa iki bisa kaleksanan maneh lan luwih regeng tinimbang saiki. Amin.

NUWUN



Puji syokur konjuk dhumateng Gusti Ingkang Maha Wikan.
Awit keparengipun, wiwit dinten punika sampun saget kababar Blog Kangge Komunitas Basa Jawa wonten ing Laladan Blora.
BAJA BLORA
Satunggaling Blog ingkang kababar dening salah satunggaling pengurus MGMP Bahasa Jawa SMA, SMK, MA Kabupaten Blora