Kamis, 05 Maret 2009

PENGETAN HARI BAHASA IBU INTERNASIONAL


Esuk kuwi (Rabu Wage, 25 Februari 2009) kira-kira tabuh 07.00 WIB, ing plataran UPTD Kantor Perpustakaan dan Arsip Daerah Kabupaten Blora wis akeh para siswa SMA, SMK, lan MA sa-kabupaten Blora kang padha antri saperlu daftar ulang lomba maca cerkak, maca geguritan lan sesorah basa jawa tataran SMA Sa-Kabupaten Blora.
Acara iki kagelar dening Musyawarah Guru Mata Pelajaran Bahasa Jawa SMA, SMK, lan MA Kabupaten Blora lan disengkuyung dening UPTD KPAD Kabupaten Blora. Adu trampil para siswa maca cerkak, maca geguritan lan sesorah Basa Jawa iki minangka salah sijine cara kanggo mengeti “Hari Bahasa Ibu Internasional 2009”
Ora ngira babarpisan menawa acara kang mbokmenawa kaanggep kuna iki jebul entuk kawigaten kang becik banget saka sakehing sekolah SMA, SMK, lan SMA kang ana ing Blora. Saka target 100 peserta lomba, jebul sing ndaftar nganti ngancik angka 140 peserta; kang dumadi saka: 62 peserta lomba geguritan, 45 peserta lomba maca cerkak, lan 38 peserta lomba sesorah basa jawa.
Minangka wiwitane acara, dianakake acara pembukaan kang dirawuhi dening Bapak Haryadi, MPd. minangka Kepala Sub Dinas Pendidikan Menengah Dinas Pendidikan Kabupaten Blora, Bapak Joko Santosa, M.P.d minangka pendamping MGMP Bahasa Jawa SMA, SMK, lan MA kabupaten Blora lan Bapak Yusuf Fitri minangka perwakilan saka UPTD KPAD Kabupaten Blora.
Sakbubare acara pembukaan banjur dibacutake tetandhingan adu trampil maca geguritan, maca cerkak lan sesorah basa jawa.
Maneka warna panganggone para peserta lomba ndadekake acara lomba dadi regeng; ana kang nganggo beskap, blangkon, iket lan uga ana kang nganggo jas, lan liya-liyane.
Watara tabuh 3 awan acara lomba katutup kanthi asil kang nyenengake, amarga para juara ora mung saka saksekolahan thok, nanging sumebar ing sakehing sekolah kang ana ing laladan Kabupaten Blora. Dene asiling lomba kaya mangkene:
Maca Cerkak: Juara 1 Faridha Nur Santi. (SMAN I Tunjungan Blora), Juara 2 Dionisius (SMAN I Tunjungan Blora), Juara 3 Teriana Widya Nurindah (SMAN 1 Blora), Juara Harapan 1 Gusti Ratu Ayu (SMA PGRI 1 Blora), Juara Harapan 2 Nurul Chomairah (SMK Maarif Blora), lan Juara Harapan 3 Udin Masheru (SMKN 1 (STM) Blora).
Maca Geguritan Putri : Juara 1 Dewi Liana Gira Wati (SMAN I Blora), Juara 2 Liana (SMAN I Randublatung Blora), Juara 3 Yulinda Cahyaningsih (SMKN 2 (SMEA) Blora), Juara Harapan 1 Reni Maharani (SMK Migas Cepu Blora), Juara Harapan 2 Elmi (SMK Katolik Randublatung Blora), lan Juara Harapan 3 Umiyatun (SMKN 2 (SMEA) Blora).
Maca Geguritan Putra: Juara 1 Edwin Afif Anafi (SMKN 1 (STM) Blora), Juara 2 Dalil Sri Leksono (SMK Migas Cepu Blora), Juara 3 Rahmad Hadi Sucipto (SMA Muhammadiyah 1 Blora), Juara Harapan 1 Suharyanto (SMAN Jepon Blora), Juara Harapan 2 Eko Prasetyo (SMAN 1 Tunjungan Blora), lan Juara Harapan 3 Agustri (SMK Katolik Randublatung Blora)
Sesorah Basa Jawa: Juara 1 Yudi Prasetyo (SMKN 1 (STM) Blora), Juara 2 Fitria Nugrahaeni (SMAN I Cepu Blora), Juara 3 Ika Fitriani (SMAN Jepon Blora), Juara Harapan 1 Puji Rahayu (SMKN 2 (SMEA) Blora), Juara Harapan 2 Siti Nurhidayah (SMAN 1 Tunjungan Blora), lan Juara Harapan 3 Priyanto (SMAN 1 Tunjungan Blora).
Dening Pantia, para juara 1 tekan 3 pinaringan piala awujud tropy lan piagam penghargaan, dene juara harapan 1 nganti harapan 3 pinaringan piagam penghargaan.
Muga-muga tahun ngarep acara kang minangka ajang kanggo nguri-uri basa lan budaya jawa iki bisa kaleksanan maneh lan luwih regeng tinimbang saiki. Amin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar